Pages

Welcome


I made this widget at MyFlashFetish.com.

Kamis, 17 Februari 2011

Balapan

Balapan


Endro, Eko, kalian Erno sakniki sampun gadhah sepedha motor awis. Si Endro dipundhutaken motor pitung kalian bapakne. Eko lagi mawon tumbas motor honda. Erno dipun paringi motor vespa kalian paklike. Cah tiga wau seneng banget sampun saged numpak motor wonten ing ndalan sak sampunipun ajar wonten ing lapangan.
      Saking senenge, cah tiga wau mlampah wonten oundi mawon mesthi numpaki motor ingkan mboten apik banget wau. Ngasi mlampah sekolah mawon sakniki sampun padha numpak motor. Sakjanipun bocah SMP dereng angsal numpak motor wonten ing sekolah. Nanging Endro, Eko kalian Erno mau nggadhahi slogan “Menawa ati-ati lan naati peraturan lalulintas mesthi slamet”.
      Ing saksetunggaling enjang, Endro, Eko kalian Erno mlampah sekolah bebarengan. Wonten ing ndalan, bocah tiga wau numpak motor kanthi alon banget. Mboten let suwe wonten tiang ingkang ngonekaken “Dek, isa numpak motor ora e ? Kok anggone numpak motor rindhik banget ?” sinambi ngguyu cekakakan.
      Endro, Eko kalian Erno ngrasa isin. Bocah-bocah SMA padha balapan, kadose kok gaul banget.. batine bocah tiga wau. Banjur cah tiga wau ndamel rencana ajeng balapan mlampah sekolah. Kabeh padha setuju. Akhire balapan dipun lekasi saking prapatan Seyegan.
      Cah tiga wau padha salip-salipan. Eko wonten ing urutan dhisik dhewe. Ing nomer kalih wonten Endro ingkang numpaki pitunge. Keri dhewe si Erno ingkang numpaki vespane. Eko mikir menawi awake dhewe bakal menang amargi motor honda kok dilombakaken kalian motor elek. Nanging wonten ing prapatan Godean Eko dicegat lampu bangjo ingkang warnanipun abang. Purun mboten purun Eko kedah mandheg. Menika kesempatan kangge Endro kalian Erno. Nanging lampu abang sampun ganti lampu ijo. Motoripun Eko mlaku manlih. Teka-teka motor honda kincling kagunganipun Eko macet. Eko ndadak nuntun sambi mlayu. Erno kalian Endro nyalip Eko.
      Eko tetep dereng menyerah. Eko mlayu banter sanget nuntun motoripun tekan sekolahan. Nanging Eko saya ketinggal tebih. Erno kailian Endro sampun tekan ngarep zebracross sekolahan. Nanging teka-teka wonten bocah nyabrang. Erno kalian endro langsung narik rem sak kenceng-kencenge. Erno kalian Endro mandheg ngantos bocah wau tekan sebrang ndalan. Eko mlayu terus ngantos akhire ngliwati zebracross kanthi slamet.
      Eko menang balapan. Awake kesel sanget. Nanging bocah tiga wau  tetep seneng. Amargi balapane balapan cara sehat. Bocah tiga wau ndamel slogan malih ingkang unine “Balapan oleh, nanging tetep naati peraturan lalulintas”.




T A M A T

0 comments:

Posting Komentar